tembang dandhang gula
mamrih manis purwakanig tulis
angrumpaka wajibing para siswa
kang luwih wigati dhewe
tansa ambangun turut
marang guru jiwa nyulayani
kapindo kudu padha
sinau kang atul
katelu nglatih nggegulang
pribadine supadi dadi wong becik
jujur wijiling ujar
kaping papat kudu sregep ngudi
ulah raga darapan salira
kuwat adoh lelarane
kalis miles lan ngelu
kalimane wajib angaji
weruh mring tata krama
puluh sugiha kabiasan
yen tan ngeri traping tata nglelingsemi
ingeseman dening lliyan
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
BalasHapuslan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
BalasHapusmecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
Lamunan
BalasHapusAdem ayem ati ku
Nyawang langit kang biru.
Katon ketoro nang awang awang.
Maniz eseme sliramu sayang..
Lagi Asyik asyike nyawang .
Teko konco sing ra di undang..
mbuyarke impen-impenan..
Ealadalah Jebul nembe iki mung lamunan..
Roso Loro Sak Jroning Ati
BalasHapusRoso loro sak jeroning ati iki,
Naliko kelingan sliramu,
Tansah mesem lambe iki naliko kelingan eseme sliramu,
Ati iki ora biso ngapusi,
Mung sliramu engkang tak anti",
Mung sliramu engkang tak kangeni..
Duuuh widadariku maburo mbalek menclok ning atiku..
Obatono ati ingkang cacat iki..