Senin, 07 Maret 2011

kebudayan

tembang dandhang gula

mamrih manis purwakanig tulis
angrumpaka wajibing para siswa
kang luwih wigati dhewe
tansa ambangun turut
marang guru jiwa nyulayani
kapindo kudu padha
sinau kang atul
katelu nglatih nggegulang
pribadine supadi dadi wong becik
jujur wijiling ujar
kaping papat kudu sregep ngudi
ulah raga darapan salira
kuwat adoh lelarane
kalis miles lan ngelu
kalimane wajib angaji
weruh mring tata krama
puluh sugiha kabiasan
yen tan ngeri traping tata nglelingsemi
ingeseman dening lliyan